Saturday, March 09, 2024

Teks Pidato Bahasa Jawa Bertema Penghijauan Kembali/Reboisasi

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Para bapak, para ibu guru ingkang kinurmatan lan rencang-rencang ingkang kula tresnani. 

Ing wekdal sakmenika, kita mireng lan mangertosi menawi ing kitha Jakarta nandang banjir. Kamangka pinten-pinten tahun banjir saget cepet surutipun.

Banjir ingkang kedaden ing Jakarta ugi ing kitha sanesipun mesti wonten penyebabipun. Kalen sami mampet lan kathah penebangan liar ing hutan-hutan. Kathah ingkang mboten menggalih reboisasi sasampunipun negori wit ing hutan. Akibatipun banjir lan saget ugi longsor. Akhire kathah bangunan ingkang risak kayata omah lan sarana umum. Langkung mrihatinaken, banjir nyebabaken korban jiwa. Ing kondhisi kados mekaten, sinten ingkang kedah tanggung jawab?

Saderenge niku kedadosan, wonten saenipun menawi sedaya warga lan pemangku kebijakan tanggung jawab dhateng alam. Menawi wonten ingkang nekad ngrugekaken alam, kedah dipun ukum supados kapok, mboten mbaleni tindhakan ingkang ngrugekaken alam.

Cara sanesipun, para siswa saget dipun paringi kawruh cara nglestantunaken alam kados gerakan menanam seribu pohon. Ugi mraktekaken Gerakan seribu pohon. Gerakan menika dilaksanakaken ing hutan utawi perbukitan ingkang sampun dibabati.

Ibu-bapak guruingkang kinurmatan lan para kanca ingkang kula tresnani.

Mbokbilih menika ingkang saget kula aturaken. Mugi-mugi wonten manpangatipun kagem nglestantunaken alam supados mboten banjir malih. Wonten lepatipun, kula ngaturaken nyuwun agunging pangapunten. Saking kawigatosanipun kula ngaturaken matur nuwun.

Billahi taufik wal hidayah.

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wa barakatuh.


#pidato untuk praktikum Bahasa Jawa.

No comments:

Post a Comment