Wednesday, February 21, 2018

Watake Pandhawa Lima

Pandhawa Lima duwe watak sing bisa dadi patuladhan ingin madyaning bebrayan. Ber budi bawa laksana, memayu hayuning bawana, seneng gawe becik. Manembah kan manungkul marang Gusti, perang tanpa tandhing, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake, nuhoni mring kautaman. Ambeg Paramarta, wani ngalah luhur wekasane, lila legawa mring pati, adreng njejegake adil, Urip miturut paugeraning dalil. Ngurmati sapadha- padha, bekti marang guru, tansah duwe panyakrabawa becik, lan jujur ing pangucap.

Teges saka watak Pandhawa Lima:
a. Ber budi bawa laksana: ora gelem cidra ing janji
b. Jujur ing pangucap: ora seneng dora/ goroh
c. Memayu hayuning bawana: ngupaya keslametan donya akhirat
d. Manembah lan manungkul: pasrah
e. Perang tanpa tandhing: gagal
f. Nglurug tanpa bala: rukun
g. Menang tanpa ngasorake: ora umuk
h. Ambeg Paramarta: adil
i. Wani ngalah luhur wekasane: mekalah bakal Mulya
j. Adreng njejegake adil: ngupaya njejekke pengadilan
k. Urip miturut paugeraning dalil: Urip nurut pepesthen
l. Duwe panyakrabawa becik: kusnudlon


Catatan: materi pelajaran Basa Jawa
Drs. Haryono dkk. 2010. Sinau Basa Jawa Gagrag Anyar Kelas V SD /MI. Yogyakarta: Yudhistira, hal. 80
Diterjemahkan dalam bahasa Jawa dengan bantuan Bp Sukamto, S.Pd. MM.Pd.
Mugi2 berkah.
☺🙏


No comments:

Post a Comment