Thursday, December 25, 2014

Pengetahuan Bahasa Jawa: CANGKRIMAN



Untuk menambah khasanah pengetahuan budaya Jawa, maka saya sajikan artikel budaya Jawa untuk pertama kalinya tentang cangkriman atau teka- teki dalam bahasa Indonesia. Selanjutnya tulisan ini saya sajikan dalam bahasa Jawa.

Cangkriman padha karo teka- teki ( Indonesia ). Bedhekan kang ana batangane utawa wangsulane. Biasane cangkriman kanggo gegojegan ( geguyon ) ing pasrawungan. Cangkriman ana maneka warna, ing antarane:

a.      Cangkriman Wancahan
Tuladha:
Pipalanda= Ping, Para, LAN suDA ( rumus matematika )
Kabaketan= nangKA tiBA nang suKETAN
Yumaherong= yuYU oMAHE ngeRONG

b.      Cangkriman Pepindhan
Tuladha:
Pitik walik saba kebon ( wangsulane= nanas )
Sega sekepel dirubung tinggi ( wangsulane= salak )
Dikethok malah tambah dhuwur ( wangsulane = celana )

c.       Cangkriman Blenderan utawa Plesedan
Tuladha:
Wong adol tempe ditaleni, wong adol pitik disrimpungi. ( tegese dudu sing adol sing adol ditaleni apa disrimpungi, mung dagangane sing ditaleni apa disrimpungi )
Aku nalika dolan nang omahe disuguhi anggur. ( tegese dudu who- wohan anggur, mung dienengke wae, utawa ora disuguhi apa- apa alias dianggurke )






No comments:

Post a Comment