Showing posts with label Serba- serbi Kawruh Jawa. Show all posts
Showing posts with label Serba- serbi Kawruh Jawa. Show all posts

Wednesday, October 27, 2021

Tembang Gambuh

 Tembang Macapat

Ilustrasi: beritajowo.com


Tembang macapat mlebu tembang cilik sing nggambarake uripe manungsa Wiwit lair tumekaning mati.

  1. Maskumambang: uripe jabang bayi ing guwa Garba.

  2. Mijil: manungsa lair ing Donya sawise 9 Wulan 10 dina ing guwa Garba.

  3. Kinanthi: bocah nalika isih cilik kudu dituntun utawa dikanthi.

  4. Sinom: nalika ngancik dewasa utawa nom-noman.

  5. Asmaradana: manungsa wiwit duwe rasa tresna lan asmara.

  6. Dhandhanggula: nalika nandhang asmara kaanane katon endah lan manis.

  7. Gambuh: menawa Lanang lan wadone wis sarujuk utawa jumbuh banjir dijodhokake.

  8. Durma(mundur): saya tuwa urip iku bakal ninggalake kadonyan lan mikirke akherat. 

  9. Pangkur: Sansaya tambah tuwa urip iku kudu wis mungkur.

  10. Megatruh: manungsa pegat ruhe saka badan wadag.

  11. Pucung: manungsa bakal dibunt lawon.


https://www.synaoo.com


Tembang Gambuh wateke nanjih-nanjihake utawa nggenah-nggenahake. Gunane kanggo memulang mawa katrangan.

Tembang Gambuh lan tembang macapat liyane duwe guru Gatra, guru wilangan lan guru lagu.


Guru Gatra yaiku cacahe larik ing saben tembang. Guru wilangan yaiku cacahe Wanda(Suku kata) ing saben larik. Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning larik.


Guru Gatra 1 (guru wilangan:7, guru lagu:u)

Guru Gatra 2 (guru wilangan: 10, guru lagu:u)

Guru Gatra 3 (guru wilangan: 12, guru lagu:i)

Guru Gatra 4 (guru wilangan: 8, guru lagu:u)

Guru Gatra 5 (guru wilangan: 8, guru lagu: o)


Cakepan Gambuh (pelog barang)

Aja nganti kebanjur

Sabarang polah kang nora jujur

Yen kebanjur Sayekti kojur tan becik

Becik ngupayaa iku

Ing pitutur kang sayektos


Cakepan liyane:

Pitutur becik iku

Sayektine apantes tiniru

Nadyan metu saking wong sudra papeki

Lamun becik nggone muruk

Iku pantes Sira anggo




Latihan soal

  1. Tembung Gambuh isine wujud jumbuhe menawa wong Lanang lan wadon wis duwe rasa tresna.

  2. Tembang kasebut aweh pitutur bisa madeg bale somah lan ngerti marang kabutuhane Urip.

  3. Sakabehing tumindak kudu ngati-ati, ora sabarang polah.

  4. Yen kebanjur tumindak ala bakal kojur tan becik.

  5. Supaya slamet ngupaya pitutur kang Sayekti.

  6. Pitutur becik pantes tiniru.

  7. Yen becik anggone muruk.

  8. Nadyan saka wong sudra papeki.



Tuesday, October 26, 2021

Satriya, Gegaman lan Watake

 Jeneng Satriya, Gegaman lan watake

1. Janaka

Janaka, satriya ing Madukara. 

ilustrasi: kibrispdr.com

Gegamane aran Aji Sepi Angin, Cunda Manik, panah Pasopati, lsp. Watake luhur, seneng tetulung, basane alus.

2. Gathotkaca

Gathotkaca, Satriya ing Pringgodani. 

Ilustrasi: wayang.wordpress.com

Gegamane aran Aji Narantaka, Caping Basunanda. Watake kendel, pinter, ora wedi mati.

3. Karna

Karna, Satriya ing Ngawangga. 

Ilustrasi: wayang.wordpress.com

Gegamane aran Keris Kaladete. Watake sabar, seneng tetulung.

4. Werkudara

Werkudara, Satriya ing Jodhipati. 

Ilustrasi: wayang.wordpress.com

Gegamane aran Gada Lukitasari, Kuku Pancanaka. Watake lugu, jujur, prasaja.

5. Abimanyu

Abimanyu, satriya ing Plangkawati. 

Ilustrasi: wayang.wordpress.com

Gegamane aran Keris Pulanggeni. Watake alus budine, gampang nesu lan moro tangan.


Paribasan lan Tegese

 Paribasan

1. Kagedhen empyak kurang cagak, tegese kagedhen panjangka kurang srana.

2. Njagakake endhoge si blorok tegese wong ngarep-arep barang kang durung mesthi kelakon.

3. Timun wungkuk jaga imbuh tegese wong ala kanggone mung Yen ana prelune.

4. Kacang mangsa tinggal lanjaran tegese bebudene anak mirip wong tuwane.

5. Dhalang karubuhan panggung tegese wong kaweleb ora bisa ngucap apa-apa.

6. Kebo kabotan sungu tegese wong sing duwe anak akeh nanging rekasananggone ngopeni.

7. Kebo nusu gudel tegese wong tuwa njaluk Wuruk marang wong enom.

8. Kebo mulih ing kandhange tegese wong sing suwe lelana bali nyang asale.

9. Kerot tanpa untu tegese duwe kekarepan ananging ora sembada.

10. Nglungguhi klasa gumelar tegese nindakake pagawean kang wis tumata.


Tembung Entar lan Tuladhane

 Tembung Entar lan Tuladhane

Tembung Entar yaiku tembung silihan, tembung kang ora kena ditegesi mung sawantahe Bae. Dadi tegese ora salugune.

Tembung Entar: tembung-tembung sing duwe teges ora sabenere.


Tuladha:

1. Cupet pikire, tegese ora isa mikir.

2. Entek atine, tegese: Wedi/ kuatir banget

3. Jembar kawruhe, tegese akeh ngelmune/ pengalamanne.

4. Abang kupinge, tegese nesu.

5. Adus kringet: nyambut gawe abot.

6. Adol bagus: pamer bagus

7. Cupet atine: gampang nesu.

8. Luhur drajate: daadi wong pangkat/ penguasa.

9. Kegugah atine: eling

10. Mata dhuwiten: sing dipikir mung dhuwit.

11. Wedi kangelan: kesed/ lumpuh

12. Ulat manis: duweni ekspresi kang nyenengke lan penak disawang.

13. Tatu atine: Serik


Thursday, October 01, 2015

Jangka Jayabaya Zaman Kertayuga: Bijaksana terhadap Kekeluargaan


Bijaksana terhadap Kekeluargaan

  1. Aja mung ngaku wong tuwa lamun wong atuwamu katon sugih lan dhuwur drajate, jalaran sira iku asale saka wong tuwanira senajan kaya ngapa wujude.
  2. Aja mulang nganggo basa kasar.
  3. Aja seneng memisuh lan mala marang garwa.
  4. Aja ngendelake anake wong wirya lan sugih bandha, durung mesthi darbe kepinteran sarana ngupaya boga.
  5. Aja mung ngegungake duwe pangkat lan duwe bandha, jalaran pangkat lan bandha iku mau bisa sirna sadurunge pralaya.
  6. Aja mung rumangsa bisa, naging ora bisa rumangsa.
  7. Maratuwa aja diwaneni mundhak silih ungkih.
  8. Aja seneng yen lagi darbe panguwasa, serik yen lagi ora darbe panguwasa, jalaran kuwi bakal ana bbendune dhewe- dhewe.
  9. Aja mung kepengin menang dhewe kang bisa marakake crahing negara lan bangsa, kudu seneng rerembugan njaga katentreman lahir- batin.

Arti:

  1. Jangan hanya mengakui orang tua kalau orang tuamu kaya dan tinggi derajatnya saja, sebab engkau itu asalnya dari orang tuamu, bagaimanapun wujudnya.
  2. Jangan mengajar dengan bahasa yang kasar.
  3. Jangan suka memaki- maki dan memukuli isteri.
  4. Jangan membanggakan anak orang yang berkuasa dan kaya harta benda, karena belum tentu mempunyai kepandaian sebagai sarana mencari pangan.
  5. Jangan hanya membenggakan pangkat dan harta yang dimiliki, sebab pangkat dan harta itu dapat lenyap sebelum engkau lenyap.
  6. Jangan hanya merasa pandai tapi tidak pandai merasa.
  7. Jangan berani terhadap mertua agar tidak ada pertengkaran.
  8. Jangan hanya senang kalau sedang tidak mempunyai kekuasaan, sebab hal itu akan ada akibatnya sendiri- sendiri.
  9. Jangan hanya ingin menang sendiri yang dapat menyebabkan perpecahan negara dan bangsa, melainkan harus senang bermusyawarah demi menjaga ketenteraman lahir- batin.
sumber tulisan:
Dr. Purwadi. 2003. Ramalan Sakti Prabu Jayabaya Membuka Tabir Tanda- Tanda Jaman. Yogyakarta: Persada, hal.73-74